Wednesday, July 21, 2021

Bahasa Jawa

Teknologi 
      Ing era globalisasi, teknologi tambah maju lan ora bisa dipungkiri tekane internet nambah dibutuhke ing akeh bidang, kayata bidang ekonomi, pendidikan, bisnis lan liyane. Media sosial kalebu situs kang wong bisa sesambung karo wong liya sing nggabung ing media sosial sing padha kanggo tukeran informasi, komunikasi 

Manfaat Teknologi 
       Sakdurunge komunikasi modern ditemokake, manungsa migunakake komunikasi tradisional. Alat komunikasi jaman biyen kayata kethongan lan lesung. Manawa kirim kabaring panggonan kang adoh kudu nulis layang. Banjur ana telepon seluler kang bisa SMS liwat handphone (HP). 
       Alat komunikasi saiki wis maju banget, kanthi teknologi android, komunikasi bisa lumantar internet ing HP. Liwat BBM, WA, facebook, email, Isp. Tukar-tinukar data (gambar, video, dokumen liyane). Kemajuan ing komunikasi dadi tantangan kanggo nemtokake sikap lan tumindak. 
       Kemajuan teknologi kudu disikapi kanthi bener, pener, lan pinter. Aja nganti Manawa wis pinter migunakake piranti teknologi informasi banjur nglalekake anggone ibadah. Mula kudu tansah eling Manawa apa kang diadhepi iki pinanga ujianing urip. Dadi sarana kanggo ndadar kandeling imaning manungsa marang Gusti kang paring gesang. Mula ayo padha ngupaya supaya tansah cumaket marang Gusti kang Mahakuasa. 

Tugas 
1. Gawea ringkesan cerita babagan
 "teknologi"! 
2. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
a. Kemajuan teknologi nuduhake manawa manungsa kepriye? 
b. Apa arane njupuk data saka internet kanggo disimpen? 
c. Apa arane media kanggo sesambung karo bangsa saindenging bawana? 
d. Apa manfaate duwe gondhelan kang kuat ing agama? 
e. Apa dudutan sing bisa dijupuk saka wacan ing dhuwur? 

No comments:

Post a Comment