Wednesday, July 14, 2021

Bahasa Jawa

                    Mbabar Wawasan 
       Minangka anggota masyarakat, kita kudu guyub rukun. Guyub yaiku greget (semangat) tumindak bebarengan, dene rukun tegese urip kang salaras lan ngedohi pasulayan utawa ora tukar padu. 
Guyub rukun kudu dikulinakake lan wajib ditindakake. Karo anggota kulawarga kudu guyub rukun, supaya kabeh anggota kulawarga bisa krasan lan ayem ing omah. Marang tangga aja seneng tukar padu, kudu tulung-tinulung, lan tepa slira. Guyub rukun ing sekolah bisa katindakake kanthi cara ngajeni lan mituhu marang guru, sinau bebarengan karo kanca tanpa mbedak-mbedakake sugih utawa mlarat, gotong royong ngresiki lingkungan sekolah, lan liya-liyane.
       Rukun agawe santosa, crah agawe
bubrah. Tegese: rukun ndadekake kuwat, cecongkrahan ndadekake bubrah. Paribasan iki mujudake salah sawijining
piwulang kang tansah digondheli dening
wong Jawa sing kepengin urip guyub rukun lan ayem tentrem ing masyarakat. Paribasan iki nuduhake yen wong Jawa ora seneng pasulayan utawa tukar-padu. Pasulayan ora ana gunane, jalaran sakabehe prekara bisa dirampungi kanthi musyawarah.
       Saliyane paribasan, geguritan (puisi bebas) uga bisa kanggo sarana mulangake ajaran guyub rukun. Saka maca lan nulis geguritan, para siswa bisa sinau urip guyub rukun. 

Tugas: 
1. Gawea ringkasan cerita babagan "Mbabar Wawasan"!

No comments:

Post a Comment